Thursday, 9 June 2016

contoh pidato bahasa Jawa

Assalamu’alaikum wr.wb Bismillahhirrahmanirrahim, Alhamdulillahhiladzi an’ama binikmatil iman wal islam. Washallatu wassalamu ‘ala khoiril amam. Wa ‘ala alihi wasohbihi ajma’in amma bakdu. Hadrotal muhtaramain para alim wa bil khusus panjenenganipun Bp. Kyai H. M. Shawam saking Ngeger ikang dipun mulyaaken Allah, wonten pangarsanipun Bp. Kyai Ikhsanuddin saking Kaponan ingkang minulyo, Bapak Kepala Dusun Kragilan ingkang dahat kinurmatan, Bapak saha Ibu Dusun Dalangan ingkang kaula hormati, ugi lare-lare santriwan santriwati ingkang tansah kaula tresnani. Sakderengipun adicara, sumonggo kita sareng-sareng panjataken puja lan puji syukur dumatenag Allah SWT ingnkang sampun maringi hidayah lan inayahipun dating kita sedaya, sahenggo kita sedoyo saget makempal wonten ing masjid puniko kanti adicara At Tasyakur Lil Ihtitam TPQ Al Asbab khanti mboten wonten setuggal halangan punopo. Mboten kesupen shalawat saha salam ingkang Allah katetepaken dumateng panutan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun dumugi yaumul kiamah. Langsungke mawon adicara ingkang badhe lumampah wekdal sakmenika, adicara ingkang sepindah inggih punika, 1. Pembukaan 2. Pembacaan Ayat Suci Al Quran 3. Tahlil 4. Sambutan-sambutan A. Sambutan Kepala Desa Kragilan B. Sambutan Kepala Dusun Dalangan C. Sambutan Wali Santri D. Sambutan pengasuh 5. Skors 6. Mauidhotul khasanah 7. Doa penutup Adicara ingkapang sepindah inggih punika pembukaan, sumangga sakderengipun adidacara, kita sareng-1. sareng maos bacaan Al- Fatihah, Mugi-mugi acara punika saget mlampah kanthi kelancaran. 2. Ingkang angka kalih inggih punika pembacaan Ayat Suci Al Quran, wekdal saha panggen kula sumanggaaken, Mekaten pembacaan Ayat Suci Al Quran, mugio saget mberkahi dening kita sedaya 3. tahlil, 4. angka sekawan, inggih punika sambutan-sambutan a. sambutan ingakang sepindah inggih puniko sambutan Bp. Kepala Desa Kragilan, wekdal saha panggenan kula sumanggaaken, matursuwun mengah sambutanipun kaula haturaken agunging panuwun, b. sambutan Bp. Kepala Dusun Dalangan c. sambutan wali santri d. sambutan pengasuh 5.SKORS 6. acara inti, mauidhotul khasanah saking Bp. Kyai Ikhsanuddin, Bapak Kyai Ikhsanuddin, wekdal saha panggenan kaula sumanggaaken Mugi-mugi kita saget mendhet hikmahipun saking mauidhoihpun panjenengan, 6. acara ingkang terakhir inggih punika mauidhoh khasanah saking Bp. Kyai H. M. Shawam, Sakderengipun saking kaula saking awal dumugi akhir wontwn kathah kalepatan kula nyuwun agunging pangampunten. Bapak Kyai H. M. Shawam kula sumanggaaken, saking kaula wabillahi taufik wal hidayah wassalamualaikum wr. Wb.

No comments:

Post a Comment